Thursday, 04 June, 2026г.
russian english deutsch french spanish portuguese czech greek georgian chinese japanese korean indonesian turkish thai uzbek

пример: покупка автомобиля в Запорожье

 

Agama

AgamaУ вашего броузера проблема в совместимости с HTML5
Agama iku sistem utawa prinsip kapercayan lan keyakinan yang manthep marang sang Gusti Pangéran, utawa uga diarani nganggo asma liyane kaya ta; Gusti Allah, Dewa, Sang Hyang Widi, lan sabanjure. Agama uga ajaran-ajaran kabakten lan kuwajiban-kuwajiban sing ana gandheng cénèngé karo kapercayan iku. Tembung "agama" asalé saka basa Sansekerta sing tegesé "tradhisi". Banjur tembung liyané iku religi sing asalé saka basa Latin lan dedhasar saka tembung verba "re-ligare". Iki tegesé "nalèni manèh". Karepé sawijining wong sing nduwé agama iku nalèni awaké karo sang Pangéran. Ning Tanah Jawa lan uga Indonesia, ana limang agama sing paling akeh penganuté, yakuwi: agama Islam, Kristen Protestan lan Katholik, Hindu, Ayyavali lan Buddha. Nanging neng Tanah Jawa uga ora sithik sing menganut agama Jawa utawa biasane diarani Kejawen. Agama iki lahir saka pemikiran asli wong jawa nanging ugo ana pengaruhé saka prinsip-prinsip ajaran Hindu lan Buddha. Saliyané iku wong-wong sing katurunan Tionghoa ya akèh sing nganut ajaran Konghucu utawa Konfusianisme. Panganut agama Yahudi ing tanah Jawa uga ana, senadyan mung sithik cacahé. Semono ugo ana wong-wong sing ora percaya karo salah sijining agama babar pisan. Golongan sing kaya mangkéné biyasané diarani atheis, nanging sejatiné durung mesthi atheis merga ana wong sing ora percaya agama nanging percaya karo Gusti Allah utawa Hyang Widi.
Теги: Agama

Мой аккаунт